15 Nabi Yesaya matur pitakon maneh: “Punapa kemawon ingkang sampun dipun tingali wonten ing kraton dalem?” Sang Prabu Hizkia mangsuli, pangandikane: “Sadaya ingkang wonten ing kraton kula sampun sami dipun tingali. Boten wonten barang ingkang boten kula tedahaken dhateng tiyang-tiyang punika, ingkang wonten ing pasimpenan kula.”
16 Nabi Yesaya nuli matur marang Sang Prabu Hizkia: “Kawula aturi midhangetaken pangandikaning Pangeran Yehuwah!
17 Lah bakal tumeka ing titimangsane, kabeh kang ana ing kratonira lan kang kasimpen dening para leluhurira nganti saprene iki bakal kausungan menyang ing Babil. Ora ana barang kang bakal dikarekake. -- Makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --
18 Lan turunira, kang bakal metu saka ing sira, bakal ana kang dipundhut kadadekake priyagung ana ing kedhatone ratu ing Babil.”
19 Sang Prabu Hizkia mangsuli marang Nabi Yesaya, pangandikane: “Nyata sae pangandikaning Sang Yehuwah ingkang panjenengan lairaken punika!” Nanging osiking panggalihe mangkene: “Anggere aku sajege uripku ngrasakake karukunan lan katentreman!”
20 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia, sakehing kaprawirane lan anggone yasa blumbang lan ilen-ilen banyu sarta anggone ngilekake banyu menyang ing sajroning kutha, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
21 Sang Prabu Hizkia banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure. Dene Pangeran Manasye, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.