2 Para Raja 20:4-10 JAV

4 Nanging Nabi Yesaya durung nganti medal saka ing plataran tengah, dumadakan kaparingan dhawuh dening Pangeran Yehuwah mangkene:

5 “Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.

6 Umurira bakal Sunwewahi limalas taun sarta sira lan kutha iki bakal Sunuwalake saka ing tangane ratu ing Asyur. Kutha iki bakal Sunpageri, marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

7 Sawuse mangkono Nabi Yesaya ngandika: “Padha njupuka kuwih anjir siji!” Bareng wus kaladekake nuli kapopokake ing wudune, Sang Prabu banjur senggang.

8 Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika marang Nabi Yesaya: “Punapa tandhanipun, manawi Pangeran Yehuwah badhe paring saras dhumateng kula saha bilih ing dinten ingkang kaping tiganipun kula badhe lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah?”

9 Atur wangsulane Nabi Yesaya: “Punika ingkang badhe dados tandhanipun kagem panjenengan dalem saking Pangeran Yehuwah, bilih panjenengan dalem badhe nglampahi punapa ingkang sampun dipun janjekaken: Ayang-ayangan punika badhe majeng sadasa tapak punapa badhe mundur sadasa tapak?”

10 Sang Prabu Hizkia ngandika: “Tumrap ayang-ayangan punika langkung gampil mandhap sadasa tapak! Nanging sampun mekaten, ayang-ayanganipun kajengipun mundur sadasa tapak.”