6 Umurira bakal Sunwewahi limalas taun sarta sira lan kutha iki bakal Sunuwalake saka ing tangane ratu ing Asyur. Kutha iki bakal Sunpageri, marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”
7 Sawuse mangkono Nabi Yesaya ngandika: “Padha njupuka kuwih anjir siji!” Bareng wus kaladekake nuli kapopokake ing wudune, Sang Prabu banjur senggang.
8 Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika marang Nabi Yesaya: “Punapa tandhanipun, manawi Pangeran Yehuwah badhe paring saras dhumateng kula saha bilih ing dinten ingkang kaping tiganipun kula badhe lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah?”
9 Atur wangsulane Nabi Yesaya: “Punika ingkang badhe dados tandhanipun kagem panjenengan dalem saking Pangeran Yehuwah, bilih panjenengan dalem badhe nglampahi punapa ingkang sampun dipun janjekaken: Ayang-ayangan punika badhe majeng sadasa tapak punapa badhe mundur sadasa tapak?”
10 Sang Prabu Hizkia ngandika: “Tumrap ayang-ayangan punika langkung gampil mandhap sadasa tapak! Nanging sampun mekaten, ayang-ayanganipun kajengipun mundur sadasa tapak.”
11 Nabi Yesaya banjur nyebut marang Pangeran Yehuwah, lan Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake ayang-ayangan kang wus mangisor ana ing bencet gaweane Akhas iku banjur bali mundur maneh sepuluh tapak.
12 Ing nalika samana Sang Prabu Merodakh-Baladan bin Baladan, ratu ing nagara Babil, utusan wong ngunjukake layang lan atur-atur marang Sang Prabu Hizkia, marga kepireng, manawa ing maune Sang Prabu Hizkia gerah.