2 Para Raja 21:11-17 JAV

11 “Ing sarehne Manasye, ratu ing Yehuda, wus nglakoni kanisthan-kanisthan iki, nglakoni piala ngungkuli sakehing panggawene wong Amori, kang anane ing sadurunge, lan srana brahala-brahalane njalari wong Yehuda uga banjur nindakake dosa,

12 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: “Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ana ing Yerusalem lan ing Yehuda, satemah saben wong kang krungu nganti sumruwung kupinge karo pisan.

13 Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.

14 Kekarene pusaka kagunganingSun bakal Sunbucal, Sunulungake marang ing tanganing para mungsuhe, satemah dadi jarahan lan dadi bandhanganing sakehe mungsuhe,

15 awit wus padha nglakoni apa kang ala ana ing paningalingSun lan marga saka mangkono padha gawe gerahing panggalihingSun, wiwit nalika para leluhure padha metu saka ing tanah Mesir nganti tumeka ing dina iki.”

16 Sabanjure Sang Prabu Manasye ngwutahake getihe wong kang ora luput nganti makaping-kaping, nganti ngebaki Yerusalem wiwit poncot tekan poncot, iku durung kapetung dosa-dosane kang njalari wong Yehuda banjur nglakoni dosa uga, yaiku nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah.

17 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Manasye, sakehing pandamele lan dosa-dosa kang dilampahi, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.