8 Ingsun ora bakal marengake maneh bangsa Israel kagawa metu saka ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure, anggere padha tetep nglakoni apa kang wus Sundhawuhake marang dheweke lumantar abdiningSun Musa.”
9 Nanging ora padha gelem ngrungokake, padha kasasarake dening Sang Prabu Manasye, satemah padha nglakoni kang ala, ngluwihi para bangsa kang wus padha kasirnakake dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
10 Pangeran Yehuwah tumuli ngandika lumantar para abdine, yaiku para nabi:
11 “Ing sarehne Manasye, ratu ing Yehuda, wus nglakoni kanisthan-kanisthan iki, nglakoni piala ngungkuli sakehing panggawene wong Amori, kang anane ing sadurunge, lan srana brahala-brahalane njalari wong Yehuda uga banjur nindakake dosa,
12 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: “Lah Ingsun bakal ndhatengake bilai ana ing Yerusalem lan ing Yehuda, satemah saben wong kang krungu nganti sumruwung kupinge karo pisan.
13 Sarta Ingsun bakal ngetrapi tali pangukuran marang Yerusalem padha kaya marang Samaria lan tali lod padha kaya marang brayate Akhab; sarta Ingsun bakal ngresiki kayadene patrape wong ngresiki pinggan, yen wus diresiki banjur diwalik dikurebake.
14 Kekarene pusaka kagunganingSun bakal Sunbucal, Sunulungake marang ing tanganing para mungsuhe, satemah dadi jarahan lan dadi bandhanganing sakehe mungsuhe,