2 Para Raja 23:18-24 JAV

18 Pangandikane Sang Nata: “Iku aja sira kapak-kapakake, aja nganti ana wong kang nggepok-senggol marang balung-balunge!” Dadine wong-wong ora padha ngarubiru marang balung-balunge lan uga balung-balunge nabi kang pinangkane saka ing Samaria kono.

19 Sang Prabu Yosia uga nyingkirake sakehing omah ing tengger-tengger pangurbanan ing kutha-kutha ing wilayah Samaria, kang kadamel dening para ratu ing Israel lan kang damel gerahing panggalihe Pangeran Yehuwah. Anadene anggone tumindak ana ing kono iku plek kaya ana ing Betel.

20 Sang Nata dhawuh nyembelehi sakehing imame tengger-tengger pangurbanan kang ana ing kono ana ing misbyah-misbyahe lan dhawuh ngobong balung-balung wong ana ing kono. Sawuse iku Sang Prabu tumuli kondur menyang ing Yerusalem

21 Sang Nata banjur paring dhawuh marang wong sabangsa kabeh mangkene: “Sira padha ngriyayakna Paskah kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, kaya kang katulisan ana ing kitab prajanjian iki!”

22 Amarga wiwit jamane para hakim kang ngasta paprentahan ing Israel lan jamane para ratu ing Israel sarta para ratu ing Yehuda Paskah ora tau diriyayakake kaya mangkono.

23 Nanging lagi ing taun kang kaping wolulase jamane Sang Prabu Yosia Paskah iki diriyayakake kagem Pangeran Yehuwah ana ing Yerusalem.

24 Para prewangan lan para juru petungan, uga terafim, brahala-brahala lan sakehe dewaning kanisthan kang tinemu ana ing tanah Yudea lan ing Yerusalem, padha kasirnakake dening Sang Prabu Yosia, supaya bisa netepi pangandikaning Toret kang katulis ana ing kitab kang wus katemokake dening Imam Agung Hilkia ana ing padalemaning Sang Yehuwah.