8 Sang Prabu nimbali sakehing imam saka ing kutha-kutha ing wilayah Yehuda, padha kadhawuhan najisake tengger-tengger pangurbanan, panggonane para imam padha ngobong kurban, wiwit ing Geba nganti tekan ing Bersyeba. Tengger-tengger pangurbanan kang ana ing gapura ing sacedhake panggonan lumebune ing gapurane Yusak, panggedhening kutha kono, kang ana ing sisih kiwa manawa wong lumebu ing gapuraning kutha iku, iku uga padha karubuhake.