2 Para Raja 24:1-7 JAV

1 Nalika jamane Sang Prabu Yoyakim iku, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi perang. Sang Prabu Yoyakim katelukake lan banjur dadi kawulane lawase telung taun, nanging ing pamburine Sang Prabu Yoyakim mbalik mbalela marang panjenengane.

2 Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.

3 Iki tumanduke marang Yehuda nyata-nyata cundhuk kalawan pangandikaning Sang Yehuwah anggone bakal nyingkirake wong-wong mau kabeh saka ing ngarsane marga saka dosa-dosane Sang Prabu Manasye, wis murwat karo sakehing panggawene,

4 lan marga saka getih kang ora luput kang wus kawutahake, awit Sang Nata wis damel Yerusalem kebak getihe wong kang ora luput, lan iku Pangeran Yehuwah ora karsa ngapura.

5 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoyakim lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.

6 Sang Prabu Yoyakim tumuli kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, dene Pangeran Yoyakhin kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

7 Dene ratu ing Mesir ora miyos nglurug perang saka ing nagarane maneh, sabab ratu ing Babil wus ngrebut sakehe wewengkon kang klebu wilayahe Sang Nata ing Mesir, wiwit saka ing kali Mesir nganti tumeka ing bengawan Efrat.