2 Para Raja 24:14-20 JAV

14 Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.

15 Sang Prabu Yoyakhin kapurugake marang ing pambuwangan ing Babil, uga kang ibu, para garwane Sang Nata, para abdi ing kedhatone lan para panggedhe ing nagara kono, iku padha kaboyongan dadi wong buwangan saka ing Yerusalem menyang ing Babil.

16 Sakehe wong kang gagah prakosa, cacahe pitung ewu, para tukang lan pandhe, cacahe sewu, sakehe wong prawira kang kendel ing perang, iku kabeh padha kaboyongan dening Sang Nata ing Babil, kabuwang menyang ing Babil.

17 Sang Nata ing Babil banjur njumenengake ratu Sang Matanya, kang paman Sang Prabu Yoyakhin, nggentosi panjenengane, sarta nyantuni asmane Sang Matanya dadi Zedhekia.

18 Pangeran Zedhekia nalika jumeneng ratu iku yuswane selikur taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sewelas taun. Kang ibu asmane Hamutal, putri putrane Sang Yeremia, saka ing Libna.

19 Sang Prabu nindakake apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kaya kang dilampahi dening Sang Prabu Yoyakim.

20 Awit marga saka dukane Pangeran Yehuwah, bab iku mau tumanduk marang Yerusalem lan Yehuda, yaiku bab anggone padha kasingkirake dening Pangeran Yehuwah saka ing pangayunane.Kacarita Sang Prabu Zedhekia mbalela marang Sang Nata ing Babil.