2 Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake grombolan-grombolan saka ing tanah Kasdim, saka ing Aram, saka ing Moab lan grombolan-grombolan bani Amon, kang padha nglawan Sang Prabu Yoyakim. Pangeran Yehuwah kang ngutus iku kabeh supaya nglawan lan nyirnakake Yehuda, ngetrepi pangandikaning Sang Yehuwah kang wus kalairake lumantar para abdine, yaiku para nabi.
3 Iki tumanduke marang Yehuda nyata-nyata cundhuk kalawan pangandikaning Sang Yehuwah anggone bakal nyingkirake wong-wong mau kabeh saka ing ngarsane marga saka dosa-dosane Sang Prabu Manasye, wis murwat karo sakehing panggawene,
4 lan marga saka getih kang ora luput kang wus kawutahake, awit Sang Nata wis damel Yerusalem kebak getihe wong kang ora luput, lan iku Pangeran Yehuwah ora karsa ngapura.
5 Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoyakim lan sakehe pandamele, iku kabeh rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
6 Sang Prabu Yoyakim tumuli kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, dene Pangeran Yoyakhin kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
7 Dene ratu ing Mesir ora miyos nglurug perang saka ing nagarane maneh, sabab ratu ing Babil wus ngrebut sakehe wewengkon kang klebu wilayahe Sang Nata ing Mesir, wiwit saka ing kali Mesir nganti tumeka ing bengawan Efrat.
8 Pangeran Yoyakhin nalika jumeneng ratu iku yuswane wolulas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi. Kang ibu asma Nehusta, putri putrane Sang Elnatan, saka ing Yerusalem.