6 Sang Prabu Yoyakim tumuli kepareng ngaso nunggil kalawan para leluhure, dene Pangeran Yoyakhin kang putra banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
7 Dene ratu ing Mesir ora miyos nglurug perang saka ing nagarane maneh, sabab ratu ing Babil wus ngrebut sakehe wewengkon kang klebu wilayahe Sang Nata ing Mesir, wiwit saka ing kali Mesir nganti tumeka ing bengawan Efrat.
8 Pangeran Yoyakhin nalika jumeneng ratu iku yuswane wolulas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem suwene telung sasi. Kang ibu asma Nehusta, putri putrane Sang Elnatan, saka ing Yerusalem.
9 Sang Nata nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah padha kaya kang katindakake kang rama.
10 Ing nalika iku para abdine Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, nempuh Yerusalem sarta kutha iku banjur kakepung.
11 Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, uga rawuh lan nempuh kutha iku, nalika para abdine lagi padha ngepung.
12 Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, nuli miyos manggihi Sang Nata ing Babil, panjenengane piyambak, kang ibu, para punggawane, para panggedhene lan para abdine ing kedhatone. Sang Prabu banjur kacepeng dening Sang Nata ing Babil, ing taun kang kaping wolune ing jaman paprentahane.