12 Mung ana wong kang mlarat sawatara kang dikarekake ana ing nagara kono dening panggedhening prajurit tamtama iku, kareben padha dadi tukang kebon anggur lan dadi wong tani.
13 Uga saka-saka tembaga ing padalemaning Sang Yehuwah lan kretan panuwak sarta segaran tembaga kang ana ing padalemaning Sang Yehuwah padha dipecahi dening wong Kasdim, dene tembagane digawa menyang ing Babil.
14 Kwali-kwali, sorok-sorok, lading-lading lan piring-piring sarta sakehing piranti tembaga kang kanggo nindakake tata pangibadah, padha dijupuki,
15 uga padupan-padupan lan bokor-bokor panyiraman, kang emas utawa kang selaka, iku padha dibektani dening panggedhening prajurit tamtama mau.
16 Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.
17 Saka kang siji dhuwure wolulas asta, ing dhuwure ana krebil tembaga; dhuwure krebil iku telung asta lan nam-namane lan tetironing woh dlima kang ana ing sadhuwure krebil mubeng, iku kabeh uga tembaga. Lan kaya mangkono uga saka sijine dalasan nam-namane.
18 Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.