16 Dene saka loro-lorone, segaran siji lan kretan-kretanan panuwak yasane Sang Prabu Suleman kanggo ing padalemaning Sang Yehuwah, sakehe barang-barang iku tembagane nganti ora kena katimbang.
17 Saka kang siji dhuwure wolulas asta, ing dhuwure ana krebil tembaga; dhuwure krebil iku telung asta lan nam-namane lan tetironing woh dlima kang ana ing sadhuwure krebil mubeng, iku kabeh uga tembaga. Lan kaya mangkono uga saka sijine dalasan nam-namane.
18 Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.
19 Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.
20 Wong-wong mau padha dicekeli dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, banjur padha disebakake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil, ana ing Ribla.
21 Sang Nata ing Babil tumuli dhawuh mateni wong-wong mau ana ing Ribla, ing tanah Hamat. Iya mangkono iku anggone wong Yehuda padha kaboyongan saka ing tanahe kaparakake marang ing pambuwangan.
22 Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil banjur ngangkat Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi panggedhe kang ngereh rakyat kang isih kari ana ing tanah Yehuda, kang dikarekake dening Sang Prabu.