2 Para Raja 25:18-24 JAV

18 Panggedhening wadya-bala tamtama mau banjur nyepeng Sang Seraya, imam-agung, lan Zefanya, imam pangkat loro lan para kang jaga lawang telu.

19 Punggawa kraton ing kutha kono kang diangkat dadi panggedhening wadya-bala, abdi peladose pribadi Sang Nata kang ana ing kutha kono cacahe lima, sekretarising panggedhene wadya-bala kang nglumpukake rakyat kadadekake prajurit sarta wong saka ing satengahing rakyat ing nagara kono cacah sawidak, iku padha ditangkep kabeh.

20 Wong-wong mau padha dicekeli dening Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, banjur padha disebakake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil, ana ing Ribla.

21 Sang Nata ing Babil tumuli dhawuh mateni wong-wong mau ana ing Ribla, ing tanah Hamat. Iya mangkono iku anggone wong Yehuda padha kaboyongan saka ing tanahe kaparakake marang ing pambuwangan.

22 Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil banjur ngangkat Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi panggedhe kang ngereh rakyat kang isih kari ana ing tanah Yehuda, kang dikarekake dening Sang Prabu.

23 Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.

24 Sang Gedalya tumuli supaos marang para panggedhe lan marang para wadya-balane: “Kowe aja padha wedi marang para punggawa ing Kasdim; padha tetepa manggon ana ing nagara kene lan sumuyuda marang Sang Nata ing Babil, temah bakal padha slamet.”