26 Sawuse mangkono rakyat kabeh, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, dalasan para panggedhening wadya-bala padha budhal ngungsi menyang ing Mesir, awit padha wedi marang wong Kasdim.
27 Kacarita ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda kabucal, ing sasi kang kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, nalika ing taun jumenenge ratu, paring sih-piwelas marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, yaiku banjur kaluwaran saka ing pakunjaran.
28 Sang Prabu Ewil-Merodakh ngandika marang panjenengane kalawan grapyak, lan maringi kalenggahan marang panjenengane, ngluwihi para ratu kang bebarengan karo panjenengane ana ing Babil.
29 Panjenengane diparengake lukar pangageman pakunjaran lan dhahar ana ing ngarsane Sang Nata ing sajege sugenge.
30 Dene dhahare ajeg lumintu kaparingan dening Sang Nata, sapira betahe ing saben dinane, ing sajege sugenge.