4 temboking kutha kabobol lan sakehing wadya-bala ing wayah tengah wengi padha lumayu liwat ing gapura ing antarane tembok loro kang ana ing sacedhake patamanan kraton, sanadyan wong Kasdim padha ngepung ing sakubenge kutha mau. Wong-wong mau padha lumayu menyang ing Araba-Yordan.
5 Nanging wadya-bala ing Kasdim padha ngoyak Sang Prabu, lan kacepeng ana ing tanah warata ing Yerikho, sakehe wadya-balane wus padha bubar buyar ninggal panjenengane.
6 Sang Prabu bareng wus kacepeng nuli kaaturake marang ing ngarsane Sang Nata ing Babil ana ing Ribla, kang banjur ndhawahake paukuman marang panjenengane.
7 Para putrane Sang Prabu Zedhekia padha disembelehi ana ing ngarsane. Sawuse mangkono Sang Prabu Zedhekia kadamel wuta paningale, banjur kablenggu kalawan rante tembaga lan katawan menyang ing Babil.
8 Kacarita ing sasi kang kalima ing tanggal kaping pitu ing sasi iku -- iku taun kang kaping sangalase jamane Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil -- Sang Nebuzaradan, panggedhening wadya-bala tamtama, punggawane Sang Nata ing Babil, rawuh ing Yerusalem,
9 banjur mbesmi padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhaton lan sakehing omah ing Yerusalem; daleming para panggedhe padha kaobong ing geni.
10 Tembok ing sakubenge kutha Yerusalem karubuhake dening wadya-bala ing Kasdim kang ana, bebarengan karo panggedhening prajurit tamtama mau.