5 Nanging sasedane Sang Prabu Akhab, ratu ing Moab mau mbalela marang ratu ing Israel.
6 Ing nalika samana Sang Prabu Yoram miyos saka ing Samaria lan banjur niti-priksa pabarisane wong Israel kabeh.
7 Sang Prabu nuli utusan wong sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, kadhawuhan ngaturake pangandikane kang surasane: “Ratu ing Moab sampun mbalela dhateng kula! Punapa panjenengan karsa sesarengan kaliyan kula nglurug perang dhateng ing Moab?” Paring wangsulane: “Kula badhe majeng perang. Kita punika rak sami, kula lan panjenengan, rakyat kula kaliyan rakyat panjenengan, kapal kula kaliyan kapal panjenengan.”
8 Sarta maneh pangandikane: “Medal ing pundi anggen kita badhe nglurug?” Paring wangsulane: “Medal ing pasamunan ing Edom!”
9 Ratu ing Israel lan ratu ing Yehuda sarta ratu ing Edom banjur padha tindak nglurug. Nanging bareng anggone tindak mrana-mrene wus oleh lakon pitung dina, jebul ora ana banyu kanggo wadya-bala lan kanggo kewan-kewane.
10 Sang Nata ing Israel nuli ngandika: “Adhuh, Pangeran Yehuwah anggone nimbali katelu-telune iki bakal kaulungake marang ing tangane wong Moab!”
11 Nanging Sang Prabu Yosafat tumuli ndangu: “Punapa ing ngriki boten wonten nabining Pangeran Yehuwah, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedah dhateng Pangeran Yehuwah?” Banjur ana sawijining punggawaning ratu ing Israel kang munjuk: “Ing ngriki wonten Nabi Elisa bin Safat, ingkang kala rumiyin ngladosi Nabi Elia.”