10 Bok mangga kita damelaken kamar tembok alit wonten ing nginggil lan kita sukani pasarean kagem panjenenganipun, kaliyan meja satunggal, kursi satunggal. Mangke manawi mampir mriki, kita aturi lumebet mriku.”
11 Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak mrono lan banjur lumebet ing kamar dhuwur iku sarta sare ana ing kono.
12 Tumuli ngandika marang Gehazi, abdine: “Wong wadon ing Sunem iku konen mrene.” Wong wadon mau banjur ditimbali lan ngadeg ana ing ngarepe Gehazi.
13 Nabi Elisa maune wus ngandika marang Gehazi: “Kandhaa marang wong wadon iku: Kula sampun sami panjenengan gumatosi kalayan kangelan ngantos samanten punika; punapa ingkang badhe kula walesaken dhateng panjenengan? Punapa wonten bab ingkang prelu dipun aturaken dhumateng Sang Prabu utawi dhateng pangagenging wadya-bala tumrap panjenengan?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Kula punika manggen wonten ing satengahing bangsa kula.”
14 Nabi Elisa nuli ngandika: “Manawa mangkono apa ta kang kena daktindakake kanggo kapreluane wong iku?” Ature Gehazi: “Ah, piyambakipun boten gadhah anak, mangka semahipun sampun sepuh.”
15 Nabi Elisa tumuli ngandika: “Undangen wong iku!” Bareng wus katimbalan, wong wadon iku ngadeg ana ing lawang.
16 Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”