17 Wong wadon iku banjur ngandheg lan duwe anak lanang ing pendhake mangsa iku uga, ing taun candhake, cocog karo pangandikane Nabi Elisa marang dheweke.
18 Bareng bocah mau wus gedhe, ing sawijining dina lunga marani bapakne ana ing satengahe para wong kang padha derep.
19 Dumadakan banjur njerit ana ing ngarepe bapakne: “Adhuh sirah kula, sirah kula!” Bapakne nuli prentah marang batur: “Gendhongen bocah iki, parakna marang ibune!”
20 Bocahe banjur digendhong, digawa mulih diparakake marang ibune. Tumuli lungguh ing pangkone ibune nganti wayah tengange, nanging sawuse iku nuli tinggal donya.
21 Wong wadon mau tumuli munggah, bocahe diturokake ing pasareane abdining Allah. Lawange diinebake lan sawuse mangkono wong wadon iku banjur lunga, dadine mung bocahe thok kang ana ing jero kamar.
22 Bojone nuli diceluk pangucape: “Kula aturi ngintuni salah satunggaling rencang kaliyan mbekta kuldi estri; kula enggal-enggal badhe kesah dhateng ing ngarsaning abdinipun Gusti Allah saha lajeng badhe wangsul.”
23 Bojone celathu: “Sabab apa kowe kok arep mrana ing dina iki? Saiki iki rak ora pinuju tanggal sapisan utawa dina Sabat.” Wangsulane kang wadon: “Sampun kuwatos.”