2 Para Raja 4:25-31 JAV

25 Mangkono wong wadon iku nuli mangkat, lunga menyang ing ngarsane abdining Allah ing gunung Karmel. Bareng abdining Allah mirsa dheweke saka ing kadohan, banjur ngandika marang Gehazi, abdine: “Delengen, wong wadon ing Sunem mrene!

26 Mlayua, pethukna lan takonana: Panjenengan punapa wilujeng, ingkang raka punapa wilujeng, ingkang putra punapa wilujeng?” Wangsulane wong wadon mau: “Wilujeng!”

27 Bareng wis tekan ing gunung, tumuli nyekel sampeyane abdining Allah, nanging banjur dicedhaki Gehazi arep diundurake. Nanging abdining Allah tumuli ngandika: “Cikben ta, atine lagi sedhih! Pangeran Yehuwah damel wados bab iki tumrap aku, aku ora diparingi sumurup.”

28 Wong wadon mau banjur matur: “Punapa kula nyuwun anak jaler dhateng bendara kula? Kula rak sampun matur: Kula sampun ngantos kaparingan pangajeng-ajeng ingkang tanpa isi?”

29 Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”

30 Nanging ibune bocah mau matur: “Dhemi Yehuwah ingkang gesang saha dhemi nyawa panjenengan piyambak, lah kula boten badhe nilar panjenengan.” Nabi Elisa tumuli jumeneng lan tindak ngetutake wong wadon iku.

31 Anadene Gehazi wus mangkat ndhisiki sekarone lan wus numpangake tekene ing dhuwure bocahe, nanging ora ana swara lan ora ana tandha-tandhane yen urip. Nuli bali methukake Nabi Elisa sarta nyaosi uninga, ature: “Larenipun boten tangi!”