28 Wong wadon mau banjur matur: “Punapa kula nyuwun anak jaler dhateng bendara kula? Kula rak sampun matur: Kula sampun ngantos kaparingan pangajeng-ajeng ingkang tanpa isi?”
29 Nabi Elisa nuli ngandika marang Gehazi: “Sabukana, tekenku gawanen lan mangkata. Manawa kowe kepethuk wong, aja kokuluki salam lan yen ana wong kang nguluki salam marang kowe, aja kokwangsuli, tekenku iki banjur tumpangna ing dhuwure bocah iku.”
30 Nanging ibune bocah mau matur: “Dhemi Yehuwah ingkang gesang saha dhemi nyawa panjenengan piyambak, lah kula boten badhe nilar panjenengan.” Nabi Elisa tumuli jumeneng lan tindak ngetutake wong wadon iku.
31 Anadene Gehazi wus mangkat ndhisiki sekarone lan wus numpangake tekene ing dhuwure bocahe, nanging ora ana swara lan ora ana tandha-tandhane yen urip. Nuli bali methukake Nabi Elisa sarta nyaosi uninga, ature: “Larenipun boten tangi!”
32 Bareng Nabi Elisa lumebet ing omah, bocahe nyata wus mati sumeleh ing paturone.
33 Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.
34 Bocahe nuli dirungkebi, tutuke ditempelake ing cangkeme, lan paningale katempelake ing mripate, sarta astane katumpangake ing tangane. Sarehne bocahe dirungkebi, awake banjur dadi anget.