3 Nabi Elisa nuli ngandika: “Lungaa, njaluka wadhah marang sakehing tanggamu ing jaba, wadhah-wadhah kang kothong, aja nganti kesithiken.
4 Tumuli lumebua ing omah, sawise kowe lan anak-anakmu padha lumebu, lawange kancingen, lengane banjur isokna ing sakehing wadhah mau. Endi sing wis kebak, iku singkirna!”
5 Wong wadon iku nuli mundur saka ing ngarsane; sawuse lumebu ing omah karo anak-anake, lawange banjur dikancing; anak-anake padha nyedhakake wadhah-wadhah marang ibune, dene ibune terus bae anggone ngiseni.
6 Bareng wadhah-wadhahe wus kebak, wong wadon iku celathu marang anake: “Aku wenehana wadhah maneh!” Nanging wangsulane: “Sampun boten wonten wadhah malih.” Lengane banjur pampet.
7 Wong wadon mau nuli lunga ngaturi uninga bab iku marang abdining Allah; iku tumuli ngandika: “Lungaa, lenga iku dolen, utangmu saurana sarta turahane anggonen urip saanak-anakmu!”
8 Ing sawijining dina Nabi Elisa tindak menyang ing desa Sunem. Ing kono ana wong wadon sugih kang ngaturi rawuh dhahar marang panjenengane. Lan kaping pira bae anggone tindak langkung ing kono, panjenengane mesthi mampir dhahar.
9 Wong wadon mau tutur marang bojone: “Sajatosipun kula sampun mangretos, manawi tiyang ingkang temtu mampir mriki punika abdining Allah ingkang suci.