31 Anadene Gehazi wus mangkat ndhisiki sekarone lan wus numpangake tekene ing dhuwure bocahe, nanging ora ana swara lan ora ana tandha-tandhane yen urip. Nuli bali methukake Nabi Elisa sarta nyaosi uninga, ature: “Larenipun boten tangi!”
32 Bareng Nabi Elisa lumebet ing omah, bocahe nyata wus mati sumeleh ing paturone.
33 Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.
34 Bocahe nuli dirungkebi, tutuke ditempelake ing cangkeme, lan paningale katempelake ing mripate, sarta astane katumpangake ing tangane. Sarehne bocahe dirungkebi, awake banjur dadi anget.
35 Sawuse mangkono panjenengane tumuli jumeneng maneh lan mlampah mrana-mrene sapisan ana ing kamar mau; sawuse mangkono nuli ngrungkebi bocahe maneh. Bocahe tumuli wahing nganti ping pitu, banjur melek.
36 Nabi Elisa nuli nimbali Gehazi sarta dhawuh: “Undangen wong wadon ing Sunem iku!” Sawuse ditimbali banjur marek. Nabi Elisa ngandika: “Bopongen anakmu iku!”
37 Wong wadon iku nuli marek nyungkemi sampeyane Nabi Elisa sarta sujud nyembah, raine nganti konjem ing bumi. Anake tumuli dibopong digawa metu.