35 Sawuse mangkono panjenengane tumuli jumeneng maneh lan mlampah mrana-mrene sapisan ana ing kamar mau; sawuse mangkono nuli ngrungkebi bocahe maneh. Bocahe tumuli wahing nganti ping pitu, banjur melek.
36 Nabi Elisa nuli nimbali Gehazi sarta dhawuh: “Undangen wong wadon ing Sunem iku!” Sawuse ditimbali banjur marek. Nabi Elisa ngandika: “Bopongen anakmu iku!”
37 Wong wadon iku nuli marek nyungkemi sampeyane Nabi Elisa sarta sujud nyembah, raine nganti konjem ing bumi. Anake tumuli dibopong digawa metu.
38 Bareng Nabi Elisa wangsul menyang ing Gilgal, nagara kono lagi ketaman ing pailan. Nalika ing sawijining dina ana nabi sapantha kang ngadep ana ing ngarsane, panjenengane ngandika marang abdine: “Numpangna kwali kang gedhe dhewe ing geni, nabi sapantha iku olahna kang dipangan.”
39 Panunggalane para nabi iku nuli ana siji kang metu, lunga menyang ing pategalan arep ramban jejanganan, banjur nemu wit sesuluran alasan, nuli methik wohe, yaiku labu alasan, kawadhahan ing jubahe, nganti saprangkul. Sawuse bali, labune diiris-iris, kacemplungake ing kwali olah-olahan mau, sabab padha ora sumurup iku woh apa.
40 Sawuse mangkono wong-wonge padha dicidhukake dipurih mangan, nanging sawuse padha mangan, banjur padha alok: “Dhuh abdining Allah, kwali punika isi ingkang mejahi!” Dadine padha ora tahan mangan.
41 Nanging Nabi Elisa tumuli ngandika: “Njupuka glepung!” Iku nuli dicemplungake ing kwali sarta banjur ngandika: “Saiki wong-wong padha cidhukna, cikben mangan!” Ing kono kwaline wus ora ana apa-apane kang mbebayani.