38 Bareng Nabi Elisa wangsul menyang ing Gilgal, nagara kono lagi ketaman ing pailan. Nalika ing sawijining dina ana nabi sapantha kang ngadep ana ing ngarsane, panjenengane ngandika marang abdine: “Numpangna kwali kang gedhe dhewe ing geni, nabi sapantha iku olahna kang dipangan.”
39 Panunggalane para nabi iku nuli ana siji kang metu, lunga menyang ing pategalan arep ramban jejanganan, banjur nemu wit sesuluran alasan, nuli methik wohe, yaiku labu alasan, kawadhahan ing jubahe, nganti saprangkul. Sawuse bali, labune diiris-iris, kacemplungake ing kwali olah-olahan mau, sabab padha ora sumurup iku woh apa.
40 Sawuse mangkono wong-wonge padha dicidhukake dipurih mangan, nanging sawuse padha mangan, banjur padha alok: “Dhuh abdining Allah, kwali punika isi ingkang mejahi!” Dadine padha ora tahan mangan.
41 Nanging Nabi Elisa tumuli ngandika: “Njupuka glepung!” Iku nuli dicemplungake ing kwali sarta banjur ngandika: “Saiki wong-wong padha cidhukna, cikben mangan!” Ing kono kwaline wus ora ana apa-apane kang mbebayani.
42 Tumuli ana wong teka saka ing Baal-Salisa nggawa roti wiwitaning panenan kagem abdining Allah, yaiku roti sair rong puluh lan gandum anyar kawadhahan ing kanthong. Nabi Elisa banjur ngandika: “Iku wenehna marang wong-wong iki, cikben padha mangan.”
43 Nanging abdine matur: “Kados pundi anggen kula saged ngladosaken punika dhateng tiyang satus?” Wangsulane: “Iku wenehna marang wong-wong iku, cikben padha mangan, sabab mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong bakal padha mangan, malah bakal turah.”
44 Wong-wong mau nuli padha diladeni lan banjur padha mangan sarta ana turahane, ngetrepi pangandikane Pangeran Yehuwah.