1 Kacarita Senapati Naaman, panggedhening wadya-balane ratu ing Aram, iku sawijining priyagung kang kajen banget ana ing ngarsane gustine sarta banget anggone ditresnani, awit marga saka priyagung iku Sang Yehuwah wus paring kaunggulan marang wong Aram. Nanging priyagung kang prawira ing perang iku nandhang gerah kusta.
2 Wong Aram tau metoni perang gegrombolan lan nggawa tawanan bocah wadon siji saka ing nagara Israel. Iku dadi abdine garwane Sang Senapati Naaman.
3 Abdi iku matur marang bendarane putri: “Manawi bendara kula karsa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria punika, nabi punika temtu damel birating gerahipun.”
4 Sang Senapati Naaman banjur sowan marang ing ngarsane gustine lan munjuk: “Makaten rembagipun lare estri ingkang saking nagari Israel punika.”
5 Sang Nata ing Aram nuli ngandika: “Iya becik, sira mangkata, lan ingsun bakal kintun serat marang ratu ing Israel.”Senapati Naaman nuli bidhal kalawan ngasta pisungsung selaka sepuluh talenta, emas nem ewu sekel lan sandhangan sepuluh pangadeg.