2 Para Raja 5:11-17 JAV

11 Nanging Sang Naaman banjur tindak kalawan duka, pangandikane: “Dakkira dheweke apese metu lan ngadeg nyebut asmane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nuli ngusapake tangane ing lelaraku lan kalawan mangkono lelaraku saraat banjur waras!

12 Apa kali Abana lan Parpar ing Damsyik ora luwih becik katimbang karo sakehing kali ing Israel? Apa aku ora bisa adus ing kana lan banjur dadi resik?” Panjenengane tumuli cengkelak wangsul kalawan bentering panggalih.

13 Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan matur: “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.”

14 Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.

15 Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”

16 Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.

17 Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.