2 Para Raja 5:13-19 JAV

13 Nanging para punggawane nuli padha nyedhaki lan matur: “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi punika namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.”

14 Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.

15 Sang Senapati banjur tindak wangsul sapandhereke kabeh menyang ing daleme abdining Allah. Bareng wus rawuh ing kono nuli jumeneng ana ing ngarsane Nabi Elisa sarta ngandika: “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel. Milanipun panjenengan mugi karsaa nampeni atur-aturipun ingkang abdi punika.”

16 Nanging Nabi Elisa mangsuli, ature: “Dhemi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, ingkang kula ladosi wonten ing ngarsanipun, kula saestu boten badhe nampeni punapa-punapa.” Lan sanadyan Sang Naaman adreng pamundhute, supaya karsaa nampeni, nanging Nabi Elisa tetep ora karsa.

17 Wasana Sang Naaman banjur ngandika: “Manawi makaten, keparenga kula nyuwun siti samomotaning bihal sarakit, awit ingkang abdi boten badhe caos kurban obaran utawi kurban sembelehan malih dhateng allah sanesipun kejawi dhateng Pangeran Yehuwah.

18 Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”

19 Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”