2 Para Raja 5:18-24 JAV

18 Salajengipun mugi Sang Yehuwah karsaa paring pangapunten dhateng kula ing bab punika: Manawi gusti kula lumebet ing papan pamujanipun Rimon prelu sembahyang wonten ing ngriku, temtu lendhehan ing tangan kula, mila kula inggih kedah ndherek sumungkem wonten ing papan pamujanipun Rimon punika. Pratingkah kula makaten punika mugi dipun apuntena dening Sang Yehuwah.”

19 Ature Nabi Elisa: “Sumangga, kula aturi tindak kaliyan tentrem rahayu.”

20 Bareng tindake Sang Naaman wus sawetara dohe, Gehazi, rencange Nabi Elisa, abdining Allah, mikir-mikir mangkene: “Bendaraku iku kebangeten anggone ering marang Sang Naaman, priyagung ing Aram iki, nganti ora karsa nampeni atur-atur kang diasta. Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa.”

21 Gehazi nuli nututi Sang Senapati Naaman. Bareng Sang Naaman mirsa wong mlayu-mlayu nututi, banjur mandhap saka ing kreta arep manggihi dheweke, sarta ngandika: “Apa slamet?”

22 Atur wangsulane: “Inggih wilujeng! Bendara kula Elisa dhawuh dhateng kawula supados matur: Saweg kemawon punika wonten tiyang neneman kalih saking pareden Efraim panunggilanipunn para nabi, ingkang dhateng ing griya kula. Mila panjenengan mugi karsaa maringi dhateng tiyang-tiyang punika selaka satalenta saha panganggen kalih pangadeg.”

23 Sang Naaman ngandika: “Enya, iki tampanana, rong talenta.” Sang Naaman banget-banget anggone meksa marang dheweke, nuli dhawuh maringi selaka rong talenta kalebokake ing kanthong loro lan sandhangan rong pangadeg, banjur kaparingake marang abdine loro, kang nggawa iku kabeh lan lumaku ana ing ngarepe Gehazi.

24 Bareng wis tekan ing gunung, barang-barang mau ditampani Gehazi, disimpen ana ing omah; wong loro kang nggawa tumuli padha dikon bali, karone iya banjur padha bali.