23 Sang Naaman ngandika: “Enya, iki tampanana, rong talenta.” Sang Naaman banget-banget anggone meksa marang dheweke, nuli dhawuh maringi selaka rong talenta kalebokake ing kanthong loro lan sandhangan rong pangadeg, banjur kaparingake marang abdine loro, kang nggawa iku kabeh lan lumaku ana ing ngarepe Gehazi.
24 Bareng wis tekan ing gunung, barang-barang mau ditampani Gehazi, disimpen ana ing omah; wong loro kang nggawa tumuli padha dikon bali, karone iya banjur padha bali.
25 Bareng Gehazi lagi bae lumebu lan ngadhep ana ing ngarsaning bendarane, Nabi Elisa ndangu: “Saka ngendi, Gehazi?” Atur wangsulane: “Ingkang abdi boten kesah dhateng pundi-pundi!”
26 Nanging pangandikane Nabi Elisa: “Apa atiku ora ngetutake kowe, nalika priyagung iku mandhap saka ing titihane kreta methukake kowe? Lah saiki kowe wis tampa selaka, kang kena kokanggo nganakake pakebonan-pakebonan, kebon jaitun, kebon anggur, wedhus lan sapi, batur lanang lan wadon,
27 nanging lelarane budhug Sang Naaman bakal tumempel marang kowe lan anak-putumu ing salawas-lawase.” Gehazi banjur mundur saka ing ngarsane, wus nandhang lelara kusta, putih kaya salju.