2 Kula sami keparenga kesah dhateng benawi Yarden lan sami badhe mendhet balok nyatunggal saking ngrika, lajeng sami badhe damel griya.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Iya mangkata!”
3 Ana siji kang nuli matur: “Panjenengan mugi karsaa tindak sesarengan kaliyan para abdi panjenengan punika.” Paring wangsulane: “Iya becik, aku dakmelu.”
4 Dadine iya banjur tindak nyarengi wong-wong mau. Bareng wis padha tekan ing bengawan Yarden, nuli padha negori wit-witan.
5 Tumuli kelakon, nalika panunggalane ana siji kang negor wit, wadunge kecemplung ing banyu. Banjur sesambat: “Adhuh bendara kula, punika barang sambutan!”
6 Nanging abdining Allah ngandika: “Ana ngendi tibane?” Wong iku nuli nuduhake prenahe. Nabi Elisa tumuli ngethok kayu, diuncalake mrono, temah wadunge kumambang.
7 Panjenengane banjur ngandika: “Wis, jupuken!” Wong mau nuli mulung tangane njupuk wadunge.
8 Kacarita ratu ing nagara Aram pinuju perang nglawan Israel. Nalika rembagan karo para punggawane, ngandika mangkene: “Ingsun bakal makuwon ana ing panggonan kono utawa ing kana.”