22 Nanging atur wangsulane: “Sampun! Punapa panjenengan dalem adatipun inggih mejahi ingkang panjenengan dalem tawan kaliyan pedhang saha kaliyan jemparing dalem? Sami panjenengan dalem paringi nedha tuwin ngombe, supados sami nedha lan ngombe, saha lajeng kajengipun sami wangsul dhateng ing gustinipun.”
23 Wong-wong mau nuli padha disuguh gedhen-gedhen, lan padha mangan tuwin ngombe. Sawuse mangkono banjur padha diparengake mundur, bali menyang ing ngarsane gustine. Wiwit nalika iku ora ana grombolane wong Aram maneh kang lumebu ing nagara Israel.
24 Kacarita sawuse mangkono Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram nglumpukake sabalane kabeh, banjur nglurug sarta ngepung Samaria.
25 Samaria temah katempuh ing pailan gedhe ing sasuwene kakepung iku, nganti endhas kuldi siji regane wolung puluh sekel selaka lan telek dara saprapat kab rega limang sekel selaka.
26 Kacarita nalika Sang Nata ing Israel tindak-tindak ing dhuwur balowarti, ana wong wadon kang ngaturake kaanane marang Sang Prabu, unjuke: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula!”
27 Wangsulane: “Manawa Yehuwah ora mitulungi sira, apa kang ingsun paringake marang sira? Apa saka panuton utawa saka ing pamipitan anggur?”
28 Sang Prabu nuli ndangu: “Ana apa, ta?” Atur wangsulane wong wadon mau: “Tiyang estri punika cariyos dhumateng kawula: Anakmu lanang iku wenehna, supaya ing dina iki aku padha bisa mangan, dene sesuk genti padha mangan anakku lanang.