2 Para Raja 7:1-6 JAV

1 Nabi Elisa nuli ngandika: “Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah: Sesuk kira-kira wayah mangkene glepung kang becik dhewe saseah bakal rega sasekel lan sair rong seah bakal rega sasekel ana ing gapuraning Samaria.”

2 Nanging panggedhening prajurit, kang dadi ajudane Sang Nata, mangsuli marang abdining Allah, ature: “Sanadyan Sang Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, punapa saged ingkang makaten punika?” Paring wangsulane abdining Allah: “Lah kowe bakal nyumurupi iku kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”

3 Kacarita ing ngarep gapura ana wong papat kang padha lara budhugen. Kang siji celathu marang sijine: “Apa prelune aku padha linggihan ana ing kene nganti mati?

4 Manawa kandha: Ayo padha lumebu ing kutha, kutha lagi katempuh ing pailan, aku bakal padha mati ana ing kana. Dene manawa ana ing kene, iya bakal padha mati. Mulane saiki ayo padha mbalik bae menyang ing pabarisane wadya-bala Aram. Manawa aku padha ditogake bae, aku iya bakal padha urip, dene manawa dipateni, iya padha mati.”

5 Bareng wis repet-repet tumuli padha ngadeg lan padha lumebu menyang ing pabarisane wong Aram. Nanging nalika tekan ing pinggiring papan pabarisane wong Aram, ing kono wus ora ana wonge.

6 Sabab Pangeran Yehuwah wus damel wadya-bala Aram padha krungu swaraning kreta, jaran lan wadya-bala gedhe, satemah padha sapocapan: “Lah ratu ing Israel wus mundhut tulung kalawan nyaosi atur-atur marang para ratune wong Het lan para ratune wong Mesir supaya padha nempuh marang kita.”