17 Anadene panggedhe prajurit kang dadi ajudane Sang Prabu mau kadhawuhan njaga ana ing gapura, nanging iku tumuli kapidak-pidak dening rakyat ana ing kono nganti mati, laras karo pangandikane abdining Allah, kang kaucapake nalika Sang Nata rawuh manggihi panjenengane.
18 Sabanjure kelakon uga apa kang diaturake abdining Allah marang Sang Prabu: “Benjing-enjing watawis ing wanci makaten punika wonten ing sakethenging kitha Samaria sair kalih seah badhe regi sasekel saha glepung ingkang sae piyambak saseah badhe regi sasekel.”
19 Nalika iku panggedhening prajurit mau matur marang abdining Allah: “Sanadyan Pangeran Yehuwah damel cendhela-cendhela wonten ing langit, bab punika kados pundi sagedipun kalampahan?” Nanging Nabi Elisa ngandika: “Lah kowe bakal sumurup kalawan mripatmu dhewe, nanging ora bakal melu mangan.”
20 Mangkono tinemune wong mau: Rakyat ngidak-idak dheweke ana ing gapura nganti mati.