2 Para Raja 7:7-13 JAV

7 Mulane tumuli mak nyat padha ngadeg lan ing wayah repet-repet iku padha lumayu; tarub-tarube, jaran-jarane, kuldi-kuldine lan pakuwone padha ditinggal mangkono bae, padha lumayu ngungsi urip.

8 Bareng wong kang padha lara saraat mau tekan ing pinggiring pakuwon, tumuli padha lumebu ing sawijining tarub lan banjur mangan sarta ngombe. Sawuse mangkono, nuli padha njupuki saka ing kono emas lan selaka tuwin sandhangan banjur lunga ndhelikake barang-barang mau kabeh. Nuli padha bali, lumebu ing tarub liyane sarta uga ngangkati barang-barang saka ing kono, lan sawuse mangkono banjur padha lunga ndhelikake barang-barang mau.

9 Tumuli padha sapocapan: “Kang padha daklakoni iki ora becik. Iki dina becik, nanging aku kok padha meneng-menengan bae. Manawa aku padha ngenteni nganti wayah raina, aku mesthi bakal padha tampa paukuman. Mulane saiki ayo padha sowan ngunjuki uninga bab iki menyang ing kedhaton.”

10 Wong mau nuli padha mangkat lan banjur nguwuh-uwuh marang para kang jaga gapuraning kutha lan nyaritakake marang wong-wong iku, tembunge: “Kula sampun sami lumebet ing pakuwonipun tiyang Aram, jebul ing ngriku sampun boten wonten tiyang saha sampun boten kepireng swaraning tiyang, ingkang wonten namung kapal kaliyan kuldi cancangan; tarub-tarub sami dipun tilar mekaten kemawon.”

11 Wong kang jaga gapura mau banjur padha celuk-celuk lan martakake bab iku menyang ing kraton.

12 Sanadyan isih bengi, Sang Nata uga nuli wungu lan ngandika marang para punggawane: “Sira padha dakpituturi, apa karepe wong Aram iku tumrap kita. Wong iku padha sumurup, manawa kita iki padha nandhang kaluwen, mulane padha metu saka ing pakuwone lan padha ndhelik ana ing teba kalawan mikir: Manawa wong Israel metu saka ing kutha, bakal padha dakcekel urip-uripan, aku nuli padha lumebu ing kutha.”

13 Salah sawijining punggawane munjuk: “Sumangga kita sami mendhet kapal gangsal saking kekantunanipun ingkang taksih wonten ing kitha punika; badhenipun rak sami kaliyan sakathahing tiyang Israel, ingkang sampun sami tiwas pejah punika! Punika kemawon sumangga kita lampahaken, lajeng sami ngyektosaken kawontenanipun.”