2 Para Raja 8:12-18 JAV

12 Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”

13 Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”

14 Hazael tumuli mundur saka ing ngarsane Nabi Elisa sarta bareng wus tekan ing ngarsane gustine, Sang Prabu ndangu: “Kapriye pangandikane Nabi Elisa marang kowe?” Unjuke: “Pangandikanipun dhateng kawula, panjenengan dalem temtu badhe senggang.”

15 Nanging esuke Hazael njupuk kemul kang wus kacelupake ing banyu, banjur dikrukubake ing pasuryane Sang Prabu, temah Sang Prabu tumuli seda; Hazael tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.

16 Ing taun kang kaping limane jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel -- ing nalika iku kang jumeneng ratu ing Yehuda Sang Prabu Yosafat -- Pangeran Yoram, putrane Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.

17 Nalika jumeneng ratu iku yuswane telung puluh loro taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem suwene wolung taun.

18 Sugenge niru tindake para ratu ing Israel kaya kang dilampahi dening kulawargane Sang Prabu Akhab, amarga kang dadi garwane iku putri putrane Sang Prabu Akhab. Panjenengane nindakake apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah.