2 Para Raja 8:2-8 JAV

2 Wong wadon mau nuli tata-tata lan nglakoni apa kang kapangandikakake dening abdining Allah; dheweke lunga sakulawargane sarta banjur manggon dadi wong neneka ana ing nagarane wong Filisti lawase pitung taun.

3 Bareng wus pitung taun wong wadon iku bali saka ing nagarane wong Filisti lan banjur marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane.

4 Ing nalika iku Sang Prabu lagi ngandika marang Gehazi, rencange abdining Allah: “Coba ingsun caritanana bab sakehing panggawene Nabi Elisa kang linuwih!”

5 Bareng Gehazi lagi nyritakake bab anggone Nabi Elisa nggesangake bocah kang wus mati, wong wadon kang anake diuripake iku teka marek marang ing ngarsane Sang Nata lapur bab omah lan pategalane. Gehazi tumuli munjuk: “Dhuh gusti kawula Sang Prabu, punika tiyangipun estri saha punika ingkang dipun gesangaken dening Nabi Elisa.”

6 Sang Nata tumuli ndangu marang wong wadon iku, dene wong wadon iku iya banjur mratelakake caritane kabeh marang panjenengane. Sang Prabu tumuli paring dhawuh marang sawijining punggawa kraton supaya mbarengi lakune wong wadon mau kalawan kaparingan piweling: “Sakehing barang darbeke lan sakehing pametune pategalane wiwit nalika wong wadon iku lunga saka ing nagara kene nganti saprene, iku balekna marang dheweke.”

7 Kacarita Nabi Elisa rawuh ing kutha Damsyik. Nalika iku Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram pinuju gerah. Bareng Sang Prabu dicaosi uninga: “Abdining Allah sampun rawuh mriki.”

8 Sang Prabu dhawuh marang Hazael: “Sira nggawaa atur-atur lan methuka abdining Allah iku sarta nyuwuna pitedahe Pangeran Yehuwah lumantar abdine iku: Ingsun apa bakal senggang anggoningsun gerah iki.”