2 Para Raja 8:7-13 JAV

7 Kacarita Nabi Elisa rawuh ing kutha Damsyik. Nalika iku Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram pinuju gerah. Bareng Sang Prabu dicaosi uninga: “Abdining Allah sampun rawuh mriki.”

8 Sang Prabu dhawuh marang Hazael: “Sira nggawaa atur-atur lan methuka abdining Allah iku sarta nyuwuna pitedahe Pangeran Yehuwah lumantar abdine iku: Ingsun apa bakal senggang anggoningsun gerah iki.”

9 Hazael banjur methuk marang Nabi Elisa kalawan nggawa atur-atur arupa sakehing barang ing Damsyik kang endah-endah, kehe patang puluh momotan unta. Bareng wis tekan nuli sowan ing ngarsane Nabi Elisa lan matur: “Ingkang putra Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, utusan kula aturipun: Punapa kula badhe senggang anggen kula gerah punika?”

10 Wangsulane Nabi Elisa: “Balia, matura marang panjenengane: Panjenengan dalem temtu badhe senggang. Nanging sanadyan mangkono, Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa panjenengane mesthi bakal seda, marga disedani.”

11 Nabi Elisa nuli mandeng mangarep nganti suwe, wasana abdining Allah iku banjur muwun.

12 Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”

13 Bareng mangkono Hazael matur: “Nanging ingkang abdi punika sinten ta, rak namung segawon ta, lah kok saged nindakaken prakawis ingkang ngedab-edabi makaten?” Wangsulane Nabi Elisa: “Pangeran Yehuwah wus paring wangsit marang aku, manawa kowe bakal dadi ratu ing Aram.”