1 Kacarita Nabi Elisa nimbali salah sawijining nabi sarta dipangandikani: “Kowe sabukana, nggawaa guci isi lenga iki lan lungaa menyang ing Ramot-Gilead.
2 Yen wus tekan ing kana, nggolekana Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi, nuli lumebua, wong iku konen ngadeg, ninggal kanca-kancane, banjur jaken mlebu ing kamar ing jero.
3 Guci isi lenga iki tumuli, sokna ing mustakane lan matura: Makaten pangandikaning Pangeran Yehuwah: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel! Sawuse mangkono ngengakna lawang, banjur lumayua aja ndadak mangu-mangu.”
4 Nabi enom iku nuli mangkat menyang ing Ramot-Gilead.
5 Satekane ing kana para panggedhening prajurit lagi padha nglumpuk. Wong mau tumuli matur: “Dhuh Bendara Senapati, punika wonten piweling kagem panjenengan!” Paring wangsulane Sang Yehu: “Kanggo sapa ing antarane iki?” Wangsulane: “Kagem panjenengan, dhuh Sang Senapati.”
6 Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.