2 Para Raja 9:15-21 JAV

15 Nanging Sang Prabu Yoram piyambak wus kondur menyang ing Yizreel, supaya dijampenana anggone nandhang tatu awit saka panempuhe wong Aram sajrone perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram. -- Sang Yehu ngandika: “Manawi panjenengan sampun sami sarujuk, sampun ngantos wonten tiyang ingkang oncat saking kitha lajeng suka sumerep bab punika dhateng Yizreel.”

16 Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli nitih kreta tindak menyang ing Yizreel, sabab Sang Prabu Yoram gerah ana ing kono. Uga Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda rawuh martuwi marang Sang Prabu Yoram.

17 Nalika prajurit kang jaga ana ing panggung ing Yizreel sumurup wadya-balane Sang Prabu Yehu teka, nuli matur: “Kawula sumerep wadya-bala sabregada.” Sang Prabu Yoram banjur dhawuh: “Ngundanga prajurit jaranan siji, konen methukake lan takon: Punapa wilujeng?”

18 Prajurit jaranan mau nuli mangkat methukake sarta takon: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Punapa wilujeng?” Paring wangsulane Sang Prabu Yehu: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!” Prajurit kang jaga mau nuli ngaturi uninga: “Utusan sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul.”

19 Sang Prabu tumuli utusan prajurit jaranan maneh. Bareng wis tekan banjur matur: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Wilujeng?” Sang Prabu Yehu mangsuli, pangandikane: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!”

20 Wong kang jaga mau banjur ngunjuki uninga: “Tiyangipun sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul! Wondene patraping anggenipun nggelak ing lampah kadosdene patrapipun Sang Yehu, wayahipun Sang Nimsi, amargi panggelakipun kados tiyang ewah.”

21 Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.