2 Para Raja 9:18-24 JAV

18 Prajurit jaranan mau nuli mangkat methukake sarta takon: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Punapa wilujeng?” Paring wangsulane Sang Prabu Yehu: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!” Prajurit kang jaga mau nuli ngaturi uninga: “Utusan sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul.”

19 Sang Prabu tumuli utusan prajurit jaranan maneh. Bareng wis tekan banjur matur: “Makaten pandangunipun Sang Prabu: Wilujeng?” Sang Prabu Yehu mangsuli, pangandikane: “Slamet? Iku dudu urusanmu! Mbalika bae, melua aku!”

20 Wong kang jaga mau banjur ngunjuki uninga: “Tiyangipun sampun dumugi ing ngrika, nanging boten wangsul! Wondene patraping anggenipun nggelak ing lampah kadosdene patrapipun Sang Yehu, wayahipun Sang Nimsi, amargi panggelakipun kados tiyang ewah.”

21 Bareng mangkono Sang Prabu Yoram dhawuh: “Ngrakitana kreta!” Kretane nuli dirakiti. Sang Prabu Yoram ratu ing Israel banjur miyos lan Sang Prabu Ahazia, padha nitih kreta. Karone padha manggihi Sang Yehu, nuli kepanggih ana ing pakebonane Nabot, wong Yizreel.

22 Nalika Sang Prabu Yoram mirsa Sang Yehu, tumuli ndangu: “Apa slamet, heh Yehu?” Wangsulane: “Kapriye bisane slamet, salawase ibumu Izebel isih ngingu sundel lan juru sikir kang kehe samono iku!”

23 Sang Prabu Yoram tumuli enggal-enggal ngingerake kretane sumedya lumajeng kalawan ngandika marang Sang Prabu Ahazia: “Yehu cidra, Nakmas Ahazia!”

24 Nanging Sang Yehu tumuli menthang gendhewane sarosane, Sang Prabu Yoram dilepasi panah, tumama ing antarane walikate lan tumembus ing jantunge, satemah banjur ambruk ana ing kretane.