24 Nanging Sang Yehu tumuli menthang gendhewane sarosane, Sang Prabu Yoram dilepasi panah, tumama ing antarane walikate lan tumembus ing jantunge, satemah banjur ambruk ana ing kretane.
25 Sang Yehu nuli dhawuh marang Bidkar, panggedhening wadya-balane: “Angkaten jisime, buwangen ing kebone Nabot, wong Yizreel iku, amarga sumurupa, nalika aku lan kowe bebarengan nunggang jaran ndherekake Sang Prabu Akhab, ramane, Pangeran Yehuwah wus ndhawuhake bab paukuman iki marang panjenengane, pangandikane:
26 Lah Ingsun mau bengi wus nguningani getihe Nabot lan getihe anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- mulane Ingsun bakal mundhut pulihe marang sira ana ing pakebonan kene. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Mulane jisime angkaten lan buwangen ing pakebonan kene, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah.”
27 Bareng Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, mirsa kang mangkono iku, iya banjur lumajeng miyos ing dalan kang anjog ing Bet-Hagan, nanging banjur dibujeng dening Sang Prabu Yehu kalawan dhawuh: “Iku iya panahen!” Para prajurite nuli padha nglepasake panahe marang panjenengane ana ing kreta titihane, pinuju ana ing unggah-unggahan ing Gur ing sacedhake Yibleam. Sang Prabu Ahazia tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Megido lan seda ana ing kono.
28 Layone banjur kausung dening para abdine menyang Yerusalem, nuli disarekake ing pasareane piyambak, ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud.
29 Anadene Sang Prabu Ahazia iku anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab.
30 Kacarita tindake Sang Prabu Yehu wus rawuh ing Yizreel. Bareng Sang Putri Izebel mireng bab iku, nuli celakan, mustakane direngga-rengga, banjur ngungak ing cendhela.