29 Anadene Sang Prabu Ahazia iku anggone jumeneng ratu ing Yehuda ing taun kang kaping sawelase jamane Sang Prabu Yoram, putrane Sang Prabu Akhab.
30 Kacarita tindake Sang Prabu Yehu wus rawuh ing Yizreel. Bareng Sang Putri Izebel mireng bab iku, nuli celakan, mustakane direngga-rengga, banjur ngungak ing cendhela.
31 Nalika iku Sang Prabu Yehu pinuju lumebet ing gapura. Sang Putri Izebel tumuli nguwuh: “Apa slamet, he Zimri, kang nyedani gustine iku?”
32 Sang Prabu Yehu nuli tumenga marang ing cendhela mau sarta ngandika: “Sapa kang ngguyubi aku? Sapa?” Bareng ana punggawa kraton loro telu kang padha mandeng marang panjenengane, Sang Prabu Yehu tumuli dhawuh:
33 “Jorogna mangisor!” Sang Putri banjur dijorogake mangisor, rahe nganti nyiprati tembok lan jaran, jisime nuli kaidak-idak.
34 Sang Prabu Yehu tumuli lumebet sarta banjur dhahar lan ngunjuk. Sawuse mangkono panjenengane ngandika: “Wong kang kena ing laknat iku jisime urusen, tumuli kuburen, amarga iku putraning ratu!”
35 Wong-wong banjur padha arep nyarekake layone, nanging jebul wus ora ana, mung kari mustaka, sampeyan lan epek-epeke astane loro-lorone.