32 Sang Prabu Yehu nuli tumenga marang ing cendhela mau sarta ngandika: “Sapa kang ngguyubi aku? Sapa?” Bareng ana punggawa kraton loro telu kang padha mandeng marang panjenengane, Sang Prabu Yehu tumuli dhawuh:
33 “Jorogna mangisor!” Sang Putri banjur dijorogake mangisor, rahe nganti nyiprati tembok lan jaran, jisime nuli kaidak-idak.
34 Sang Prabu Yehu tumuli lumebet sarta banjur dhahar lan ngunjuk. Sawuse mangkono panjenengane ngandika: “Wong kang kena ing laknat iku jisime urusen, tumuli kuburen, amarga iku putraning ratu!”
35 Wong-wong banjur padha arep nyarekake layone, nanging jebul wus ora ana, mung kari mustaka, sampeyan lan epek-epeke astane loro-lorone.
36 Banjur padha bali ngunjuki uninga bab iku marang Sang Prabu Yehu. Sang Prabu ngandika: “Pancen iya mangkono iku pangandikane Pangeran Yehuwah kang kawiyosake lumantar Nabi Elia, abdine, kang saka ing Tisbe iku: Daginge Izebel bakal dipangan asu ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel;
37 anadene jisime Izebel iku bakal dumunung ana ing pakebonan ing sajabane Yizreel kaya dene rabuk ing pategalan, satemah ora ana wong kang bisa ngarani: Iki Sang Putri Izebel.”