4 Nabi enom iku nuli mangkat menyang ing Ramot-Gilead.
5 Satekane ing kana para panggedhening prajurit lagi padha nglumpuk. Wong mau tumuli matur: “Dhuh Bendara Senapati, punika wonten piweling kagem panjenengan!” Paring wangsulane Sang Yehu: “Kanggo sapa ing antarane iki?” Wangsulane: “Kagem panjenengan, dhuh Sang Senapati.”
6 Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.
7 Sira bakal mateni brayate gustinira Akhab lan kanthi patrap mangkono Ingsun malesake marang Izebel getihe para abdiningSun, para nabi iku, malah getihe sakehe abdining Sang Yehuwah.
8 Brayate Akhab kabeh bakal sirna; lan Ingsun bakal numpes kulawargane Akhab kang lanang, kang pangkate dhuwur lan kang asor ana ing Israel.
9 Sarta brayate Akhab bakal Sundadekake padha kaya brayate Yerobeam bin Nebat lan kaya brayate Baesa bin Ahia.
10 Izebel bakal kapangan ing asu ana ing pakebonan ing sajabaning Yizreel lan ora ana wong kang ngubur.” Sawuse mangkono nabi mau banjur ngengakake lawang lan lumayu.