2 Para Raja 9:9-15 JAV

9 Sarta brayate Akhab bakal Sundadekake padha kaya brayate Yerobeam bin Nebat lan kaya brayate Baesa bin Ahia.

10 Izebel bakal kapangan ing asu ana ing pakebonan ing sajabaning Yizreel lan ora ana wong kang ngubur.” Sawuse mangkono nabi mau banjur ngengakake lawang lan lumayu.

11 Bareng Sang Yehu medal manggihi para abdining gustine, ana kang matur takon: “Kados pundi kabaripun? Punapa sababipun dene tiyang edan punika ndhatengi panjenengan?” Paring wangsulane: “Panjenengan sadaya sampun sami mirsa tiyangipun lan wicantenipun!”

12 Nanging kabeh nuli matur: “Ah, ngapusi. Bok kula sami dipun ngandikani!” Sang Yehu banjur ngandika: “Wicantenipun dhateng kula mekaten: Sira wus Sunjebadi dadi ratu ing Israel.”

13 Wong akeh mau tumuli padha njupuk sandhangane, dijereng mangkono bae ana ing undhak-undhakan, ing ngarsaning sampeyane Sang Yehu, sarta banjur padha ngunekake kalasangka lan alok-alok: “Sang Yehu jumeneng ratu!”

14 Kaya mangkono anggone Sang Yehu bin Yosafat bin Nimsi sekuthon nglawan Sang Prabu Yoram. -- Anadene Sang Prabu Yoram dalasan wong Israel kabeh lagi padha jaga-jaga ana ing Ramot-Gilead, nglawan Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram.

15 Nanging Sang Prabu Yoram piyambak wus kondur menyang ing Yizreel, supaya dijampenana anggone nandhang tatu awit saka panempuhe wong Aram sajrone perang karo Sang Prabu Hazael, ratu ing Aram. -- Sang Yehu ngandika: “Manawi panjenengan sampun sami sarujuk, sampun ngantos wonten tiyang ingkang oncat saking kitha lajeng suka sumerep bab punika dhateng Yizreel.”