4 Turun kang siji sirna, turun sijine teka, nanging bumi iki tetep ana.
5 Srengenge mlethek, srengenge surup, banjur enggal-enggal marani panggonan bakal mletheke maneh.
6 Angin midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan anggone mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali.
7 Sakehing kali iku padha mili menyang ing sagara, ewasamono sagara ora banjur dadi kebak, panggonan anjoge ilining kali iku tetep dadi dhoking iline kali.
8 Samubarang kabeh iku anggone gawe sayah nganti ora kena kacaritakake dening manungsa; mripat ora wareg-wareg anggone ndeleng, kuping ora wareg-wareg anggone ngrungokake.
9 Apa kang tau ana bakal ana maneh, lan apa kang tau dilakoni, bakal dilakoni maneh; ora ana barang kang anyar ing sangisoring langit.
10 Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana.