1 Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.
2 Luwih becik lumebu ing omah kang kasusahan tinimbang lumebu ing gedhong kang kanggo pista, awit ana ing omah kang kasusahan iku wekasaning saben manungsa: wong urip prayoga ngelingi bab iki.
3 Sedhih iku luwih becik katimbang karo ngguyu, awit ulat kang peteng iku gawe beciking ati.
4 Wong wicaksana iku seneng ana ing omah kang lagi prihatin, nanging wong bodho seneng ana ing gedhong kasenengan.
5 Ngrungokake srengening wong wicaksana iku luwih becik tinimbang karo ngrungokake kekidunganing wong gemblung.
6 Amarga kayadene swaraning eri kang kobong kumritig ana ing sangisoring kwali, iya mangkono iku guyune wong gemblung. Iki uga tanpa paedah.
7 Sanyata, tumindak meres iku njalari wong wicaksana dadi gemblung, dene dhuwit besel iku ngrusakake ati.
8 Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitane. Kasabaran kang gedhe iku luwih becik katimbang gumunggung.
9 Aja age-age nepsu ing sajroning ati, awit nepsu iku lumengket ing atine wong gemblung.
10 Aja celathu: “Yagene jaman biyen iku kok luwih becik tinimbang karo jaman saiki?” Amarga pitakonmu iku ora adhedhasar kawicaksanan.
11 Kawicaksanan iku karo warisan padha becike, iku sawijining kauntungan tumrap para wong kang ndeleng srengenge.
12 Amarga pangayomaning kawicaksanan iku kayadene pangayomaning dhuwit. Lan begja wong kang sumurup, manawa kawicaksanan iku rumeksa marang uripe para wong kang nduweni.
13 Manawa marang pakaryaning Allah! Sapa kang bisa nglencengake apa kang wus kabengkokake dening Panjenengane?
14 Manawa pinuju begja dieling, yen dina kacilakan iku dianakake dening Gusti Allah kayadene dinaning kabegjan, supaya manungsa ora bisa nyumurupi apa kang bakal kelakon.
15 Ing sajroning uripku kang tanpa guna iki aku nyumurupi prakara warna-warna, kayata: ana wong mursid kang tiwas ing sajroning kamursidane, ana wong duraka kang uripe suwe ana ing sajroning pialane.
16 Aja banget-banget anggonmu mursid, aja banget-banget anggonmu tumintak wicaksana; yagene kowe arep ngrusak awakmu dhewe?
17 Aja banget-banget anggonmu nglakoni duraka, aja gemblung, yagene kowe kepengin mati sadurunge mangsamu?
18 Prayogane kang siji gondhelana, sijine aja kokeculake, amarga wong kang wedi marang Gusti Allah iku ora bakal ketaman ing loro-lorone.
19 Kawicaksanan iku aweh kakuwatan marang kang nduweni, ngluwihi wong sapuluh kang padha nyekel pangwasa ing sajroning kutha.
20 Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawe becik lan ora tau nglakoni dosa.
21 Uga aja nggatekake sakehing tembung kang kaucapake dening wong, supaya kowe ora krungu baturmu ngipat-ipati kowe.
22 Amarga atimu sumurup, manawa kowe uga wus kerep ngipat-ipati wong liya.
23 Kabeh-kabeh iki wus dakcoba supaya oleh kawicaksanan. Aku celathu: “Aku kepengin oleh kawicaksanan,” nanging kawicaksanan iku adoh saka ing aku.
24 Apa kang ana iku adoh lan jero, jero banget, sapa kang bisa nemokake?
25 Kang dakudi iku bisane mangreti, niti-priksa lan ngupaya kawicaksanan lan kakenthelaning pamikir, lan bisane nyumurupi, manawa duraka iku bab kang gemblung lan tanpa pikiran iku edan.
26 Sarta aku nemu bab kang ngluwihi paite pati: wong wadon kang dadi jaring, kang atine dadi jiret lan tangane dadi blenggu. Wong kang dadi keparenging Allah bakal oncat saka kang mangkono iku, nanging wong dosa mesthi kecandhak.
27 Lah iki kang daktemokake, -- mangkono pangandikane Sang Kohelet, -- manunggalake kang siji kalawan sijine supaya oleh kakenthelaning prakara,
28 kang isih dakupaya tetep ora ketemu --; ing antarane wong sewu aku nyumurupi wong siji, nanging ing antarane wong-wong iku aku ora nyumurupi wong wadon siji-sijia.