1 Sajroning ati aku mosik mangkene: “Coba, aku daknguji kabungahanku lan ngematake kasenengan, nanging lah iku uga tanpa paedah.”
2 Gumuyu iku dakkandhakake: “Iku bodho!” lan tumrap kabungahan: “Gunane apa?”
3 Aku niti-priksa awakku dhewe kanthi patrap nyegerake badanku kalawan anggur -- sajrone mangkono iku akal budiku tetep mimpin kalawan kawicaksanan -- sarta nggondheli kagemblungan, nganti aku nyumurupi apa kang becik dhewe kang bisa dilakoni dening para anaking manungsa ana ing sangisoring langit salawase uripe kang mung sadhela iku.
4 Aku nglakoni panggawe-panggawe kang wigati: aku yasa omah pirang-pirang, nanduri pakebonan anggur akeh,
5 aku nganakake pakebonan lan patamanan akeh, banjur daktanduri wit-witan warna-warna,
6 aku gawe blumbang pirang-pirang kanggo mbanyoni wit-witan kang isih enom saka ing kono.
7 Aku tuku batur lanang lan wadon akeh, lan ana batur-batur kang lair ana ing omahku; aku uga duwe sapi akeh lan wedhus ngluwihi wong kabeh kang ana ing Yerusalem sadurunge aku.
8 Aku uga nglumpukake selaka lan emas, raja-brana kang pinangkane saka para raja lan dhaerah-dhaerah. Aku ngupaya pasindhen lanang lan wadon akeh, lan kang nyenengake para anaking manungsa, yaiku selir akeh.
9 Kalawan patrap mangkono aku banjur kedunungan kaluhuran, malah nganti ngluwihi sapa bae kang ana ing Yerusalem sadurunge aku; ing sajrone mangkono iku kawicaksananku tetep dumunung ana ing aku.
10 Aku ora ngalang-alangi mripatku tumrap sakehing kekarepane, sarta aku ora ngampah atiku ing bab apa bae kang disenengi, sabab atiku bungah marga saka sakehing kangelanku, lan yaiku wohing sakehe kangelanku.
11 Nalika aku niti-priksa sakehing pagawean kang wus katindakake dening tanganku lan sakehing pambudidaya kang wus daktindakake kanggo ngrampungake pagawean mau kalawan ngrekasa banget, jebul kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin; pancen ing sangisoring langit iku ora ana kang maedahi.
12 Aku banjur genti mawas kawicaksanan, kabodhoan lan kang goblog, sabab apa ta kang bisa dilakoni dening wong kang nggenteni dadi ratu? Mung apa kang wus katindakake dening raja iku.
13 Sarta aku sumurup manawa kawicaksanan iku ngungkuli kabodhoan, kayadene pepadhang anggone ngungkuli pepeteng.
14 Mripate wong kang kadunungan kawicaksanan iku dumunung ana ing sirahe, dene wong bodho iku lumaku ana ing pepeteng, nanging aku uga sumurup, manawa loro-lorone ngalami nasib kang padha.
15 Aku banjur mosik ing sajroning ati mangkene: “Apa kang tumempuh marang wong bodho, iku iya bakal tumempuh marang aku. Apa gunane aku iki dhek biyen kadunungan kawicaksanan kang pinunjul iku?” Aku nuli mosik ing sajroning ati, manawa iki uga tanpa guna.
16 Amarga ora ana pangeling-eling kang tetep tumrap wong wicaksana utawa wong bodho, awit ing dina-dina kang bakal kelakon kabeh-kabeh iku wus suwe anggone dilalekake, lah ah, wong wicaksana iya mati kaya dene wong bodho!
17 Awit saka iku urip iku daksengiti, jalaran apa kang tumindak ana ing sangisoring langit iku dakanggep ala, amarga samubarang kabeh iku tanpa guna lan ateges mburu angin.
18 Aku sengit marang apa kang daklakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit iki, sabab iku bakal dakwarisake marang wong kang anane sawuse aku.
19 Sarta sapa sumurup, wong iku wicaksana apa bodho? Sanajan mangkono wong iku bakal ngwasani apa kang wus katindakake kalawan rekasa lan kawicaksanan ana ing sangisoring langit. Iku uga tanpa paedah.
20 Marga saka iku aku banjur wiwit mangu-mangu ing bab kang daktindakake kalawan kangelan ana ing sangisoring langit iki.
21 Jalaran manawa ana wong kang nindakake samubarang kanthi ngrekasa kalawan migunakake kawicaksanan, kawruh lan kabisan, iya kudu marisake oleh-olehane iku marang wong kang ora rekasa tumrap iku. Iki uga tanpa paedah lan cilaka banget.
22 Apa ta paedahe nindakake samubarang kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit lan kang jumedhul saka ing pepenginaning atine iku?
23 Uripe kebak ing kasusahan lan pagaweane kebak bab-bab kang gawe susahing ati, malah ing wayah bengi atine ora tentrem. Iku uga tanpa paedah.
24 Ora ana kang tumrap manungsa becike ngluwihi mangan lan ngombe sarta seneng-seneng ing sajroning kangelane. Aku sumurup, manawa iki uga saka ing astaning Allah.
25 Amarga sapa ta kang bisa mangan lan ngrasakake kanikmatan ing sajabane Panjenengane?
26 Awit kang kaparingan kawicaksanan, kawruh lan kasenengan iku wong kang dadi keparenging panggalihe, nanging wong dosa iku kaparingan kuwajiban nglumpukake lan numpuk barang-barang, kang ing tembe kudu diwarisake marang wong kang dadi keparenging Allah. Iki uga tanpa paedah lan ateges mburu angin.