1 Sapa ta kang madhani wong wicaksana? Lan sapa kang sumurup marang katranganing saben prakara? Kawicaksananing manungsa ndadekake sumoroting raine lan gawe lilihing serenge ulate.
2 Mbangun-mituruta marang dhawuhing ratu demi sumpahmu marang Gusti Allah.
3 Aja kesusu mundur saka ing ngarsane; aja mreduli marang prakara kang ala, amarga panjenengane nindakake apa kang dikarsakake.
4 Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?”
5 Sing sapa mbangun-miturut marang dhawuh, ora bakal ngalami prakara kang gawe cilaka, lan atine wong wicaksana nyumurupi wancining pangadilan,
6 amarga samubarang kabeh iku ana wektune pangadilan, lan piwulanging manungsa iku metek marang awake.
7 Sanyata, manungsa iku ora sumurup apa kang bakal kelakon, awit sapa ta kang nyumurupake kapriye bakal kelakone?
8 Ora ana wong kang bisa nyandhet angin, lan ora ana wong kang bisa ngwasani dinaning pati. Perang iku ora ana lerene, tuwin duraka iku ora bakal ngeculake kang nglakoni.
9 Iku kabeh wus daksumurupi, sarta aku nggatekake sakehing panggawe kang kalakonan ana ing sangisoring langit, nalika wong kang siji ngwasani sijine ndadekake cilakane.
10 Aku uga sumurup wong duraka kang bakal padha dikubur kena lumebu, mangka wong kang lakune bener padha kapeksa ninggal panggonan kang suci lan kang ana ing kutha kono wus ora ana wong kang kelingan. Iki uga tanpa paedah.
11 Sarehne paukuman tumrap panggawe ala ora enggal-enggal kaetrapake, atining manungsa banjur kebak kekarepan ala.
12 Sanadyan wong dosa lan kang nglakoni piala ping satus dawa umure, nanging aku sumurup, manawa wong kang wedi marang Gusti Allah iku bakal oleh kaslametan, amarga padha wedi marang pangayunane.
13 Nanging wong duraka ora bakal oleh kaslametan lan kayadene ayang-ayangan, ora bakal dawa umure, amarga ora wedi marang pangayunaning Allah.
14 Ana sawijining prakara kang tanpa paedah kang kelakon ana ing bumi: ana wong mursid kang padha tanpa pituwas kang pantese kanggo wong duraka, lan ana wong duraka kang padha tanpa ganjaran kang pantese kanggo wong mursid. Aku kandha: “Iki iya tanpa guna!”
15 Awit saka iku aku ngalembana marang kabungahan, amarga ora ana kabegjan liyane tumraping manungsa ana ing sangisoring langit iki kajaba mangan lan ngombe tuwin seneng-seneng. Iku kang dadi kanthine ing sajroning kangelane ing salawase uripe, kang diparingake dening Gusti Allah ana ing sangisoring langit iki.
16 Nalika aku ngudi bisane nyumurupi kawicaksanan lan ndeleng ributing manungsa ing bumi anggone nindakake pagawean rina wengi tanpa ngliyep,
17 tumraping aku banjur cetha, manawa manungsa ora bisa nyumurupi sakehe pakaryaning Allah, kang dilampahi ana ing sangisoring langit. Sanadyan kapriye bae manungsa anggone ngupaya kalawan kangelan, ewasamono ora bakal bisa sumurup. Sanadyan wong wicaksana pratela, yen bisa nyumurupi, nanging lugune ora bisa nyumurupi.